PANGREMBAKANE LUDRUG JAWA TIMUR

Jumat, 16 Juli 2010

1 Asal – usul Tembung Ludrug

Ludrug yaiku salah sawijine kesenian asli saka Jawa Timur. Aran ludrug kedaden saka cekakan rong tembung kang luwih dikenal kanthi istilah jarwo dosok, yaiku saka wewujudaning tembung gela-gelo lan gedrag-gedrug. Kang ateges sirah noleh ngiwa banjur nengen, lan sikile gedrag-gedrug ing lemah. Wujud tarian iki lair minangka pawujudane rasa bungah kang banget. Sawijining tarian kang nglambangake kamenangan. Yen ditilik saka busana kang sarwa ireng lan iket sirah kang nglambangake tarian perang, tarian kasebut nglambangake kepahlawanan kang makili sipat sarta karakter masyarakat Jawa Timur ing jaman pra kamardikan.
Minangka teater rakyat, ludrug nggunakake dialek Surabayan, gayane kang ceplas-ceplos ndadekake ludrug nduweni suasana kang gawe guyu lan nengsemake. Wiwitane, iringan mung arupa suling lan kendhang, nanging saiki wus jangkep kanthi iringan gamelan Jawa Timuran. Paraga ing ludrug jaman biyen lanang kabeh, lan yen ana peran wadon, diparagakake dening paraga lanang kang macak wadon. Iku amarga katilik saka kahanan zaman semana kang ora bisa mujudake wong wadon munggah panggung lan melu berjuwang.

2 Wujuding Pagelaran Ludrug

Umume pagelaran ludrug diwiwiti tari remo (ngremo), kang dibacutake bedhayan yaiku nyanyi bebarengan utawa genti-genten (mirip kaya panembrama : salam pambuka ing kesenian Jawa Tengah). Sawise bedhayan rampung banjur dibacutake dhagelan (lawak) kang umume diwiwiti kanthi kidungan lan diiringi gendhing jula-juli kang isine salam lan pasemon uga dhagelan, banjur mlebu ing pokok crita nganti paripurnane pagelaran.

3 Periodhisasi Ludrug
Periodhe ludrug bisa kaperang dadi lima yaiku kaya mangkene:
3.1 Bandan

Miturut crita disebutake yen wujud ludrug kang paling tua yaiku Bandan. Nanging Bandan durung bisa diarani ludrug amarga ing Bandan kahanane isih awujud upacara lan mangsane adoh karo periodhe liyane. Ing kene bandan bisa diarani minangka cikal bakal wewujudaning kesenian ludrug.
Bandan kira-kira tuwuh ing abad ke-13 atau 14, lan bebarengan karo mangsa gumantine zaman Hindu ing Islam. Kang ngripta kesenian bandan nalika iku durung ana kang weruh lan uga panggonan kelairane. Nanging ana sawijining sumber kang nyebutake ing sekitar kerajaan Majapahit, cedhak daerah Jombang.
Bandan bisa ditegesi badan utawa awak amarga ing wiwitane bandan dianakake saben taun kanggo upacara nebus dosa kang awujud adu kasekten jiwa. Sanajan bandan awujud adu kakuatan nanging uga nduweni maksud crita. Nganti saiki durung ana para ahli kang nyebutake naskah apa kang dimainake lan apa judhule, nanging bisa dikira yen critane mesti ana sesambungane karo crita kang asipat kepahlawanan utawa epik. Ing sajrone pagelaran Bandan wus ngenal anane jidhor kang digawe saka kayu lan kulit kewan, kanggone jidhor minangka pangiring tari-tarian lan tembang-tembang kepahlawanan.

3.2 Ludrug Lerok Ngamen
Ludrug wiwit ing Jawa Timur dirintis dening Pak Santik. Dheweke sawijining petani saka desa Ceweng, kecamatan Goda, kabupaten Jombang. Dheweke uga sawijining pawongan kang nduweni watak lucu (humoris). Ing udakara taun 1907 dheweke miwiti pakaryan anyar kanthi ngamen kang diiringi musik lisan. Sawise dheweke kenalan karo Pak Amir saka desa Plandi, kekarone banjur ngamen kanthi musik kendhang. Sabanjure kekarone ngajak Pak Pono minangka anggota kelompok ngamene kanggo narik kawigatene masyarakat. Pak Pono ngamen kanthi nggunakake busanane wanita utawa dadi wedokan.
Mangsa ngamen kang dilakoni dening pak Pono, Pak Santik lan Pak Amir kedaden udakara taun 1907 nganti taun 1915. Banjur periodhe iki sinebut periodhe ngamen. Ing periodhe iki muncul istilah “lerok”. Tembung lerok tuwuh karana para paraga pengamen kang rupane dipacaki kanthi modhel coretan lorek-lorek supaya katon lucu.
3.3 Ludrug Besutan
Ing Ensiklopedi Seni Musik dan Tari Daerah Jawa Timur, ngandharake ana telung jinis istilah ludrug yaiku, ludrug besut, ludrug besutan, lan ludrug besep. Ludrug besut nduweni teges yaiku pagelaran ludrug kanthi tokoh utamane besut. Ludrug besutan maragakake telung paraga panggung, yaiku kakang Besut, paman Jamino (paman Ganda), lan bojone besut sing jenenge Asmunah. Ludrug besutan iki udakara ngrembaka ing taun 1920an.
Ing babagan busana, simbol busana kang digawe dening kakang besut mesti nggunakake werna kang padha karo werna bendera negara Indonesia, yaiku abang lan putih. Saka kopyah nganti sarung kakang besut mesti madhakake karo kahanan perjuangan. Ing sirahe nggawe kopiah utawa kerpus werna abang getih, dhadha kabukak, kanthi sarung kain mori lan diiket lawe putih, nggawa pusaka cilik saka kayu werna putih kang awujud ndhase manuk. Nggawe clana komprang utawa kombor werna ireng, saliyane iku uga nggawe sampur utawa selendhang werna bebas. Kakang besut uga kudu bisa nyanyi utawa ngidung ing tembang-tembang gending, syair, tari-tarian lan baut ing gamelan karawitan.
3.4 Ludrug Berjuang
Ing udakara taun 1931 ana sawijining rombongan ludrug saka dhaerah Jombang kanthi jinis anyar lan nduweni gaya kang mligi ing Surabaya. Rombongan ludrug mau tanpa nggawa jeneng lan nggelar lakon “Siti Muninggar Pendekar Wanita” ing alun-alun Blauran Surabaya.
Gegambaran ngenani ludrug kasebut mesti ana sesambungane karo ludrug besutan sadurunge. Kang cetha yaiku anggone nggelar pagelaran isih nggunakake cara ludrug besutan, nanging ing pagelarane wus luwih maju tinimbang ludrug besutan. Majune katon ing wus anane organisasi, naskah crita, lan panggonan utawa gedhung. Ludrug ing mangsa iki bisa diarani ludrug wiwit ngatonake berjuang, nanging tetep samar-samar. Saka kahanan perjuangan iku ludrug wiwit nemokake jati dhirine. Critane akeh kang anonim krana sengaja supaya ora konangan bangsa walanda. Nanging ing jaman walanda iku crita-crita ludrug wiwit ngrembaka. Kaya tuwuhe lakon crita “Pak Sakerah”, “Hardjo Tani”, ”Maling Caluring”, lan “Sarip Tambak Yoso” kang dadi lakon crita senengane para rakyat.
Perjuangan sandiwara ludrug ora mung mandheg ing mangsa walanda. Nalika jaman Jepang ing tanah jawa sandiwara ludrug muncul minangka pambela rakyat kang katon luwih wani lan nduweni greget. Saengga ora jarang nalika ana pagelaran ludrug dijaga karo tentara-tentara Jepang. .
Ing mangsa iki uga nuwuhake grup ludrug kang arane ludrug Durasim. Diarani Durasim amarga kang dadi pimpinan ludrug iku yaiku Cak Durasim dhewe lan dheweke kang wani nglawan Jepang. Ing periodhe iki ludrug nduweni sesambungan karo kegiyatan politik lan ludrug dadi sejajar karo gerakan massa. Kahanan iki kang banjur nuntun ludrug nganti tumeka ing masa jayane.
Ludrug Durasim ora gelem kompromi karo Jepang, dheweke nyoba nglawan ora mung karo awak nanging uga karo kidungan. Senajan dijaga dening para tentara Jepang, Cak Durasim isih wani nyemoni Jepang ing sawijining pamentasan. Dheweke nyemoni ora saka crita nanging saka kidungan asli arek Surabayakang unine kaya mangkene :
Pagupon omahe dara
Melu nippon tambah sengsara
Kang isine yaiku nalika ana Jepang utawa Nippon, rakyat bakalan saya sangsara. Ing pungkasane Cak Durasim dipateni karo Jepang lan wiwit iku Cak Durasim dadi pahlawan lan semangat kanggo seniman ludrug lan tokoh perjuangan liyane.
3.5 Ludrug Sawise Kamardikan
Daya pangaribawa saka tokoh ludrug Gondo Durasim nggawa ludrug ing perkara politik. Ludrug dadi kesenian kang paling enak ditunggangi kentingan politik. Yen dibandhingake wayang kang sumbere jelas nyritakake Ramayana lan Mahabarata, mula ludrug bebas nggoleki apa wae kang bisa dicritakake. Ing periodhe iki ludrug akeh dimanfaatake dening partai-partai politik kanggo kampanye amarga ludrug kang asipat luwih bisa cedhak karo masyarakat. Kaya nalika PKI brontak, ludrug ditunggangi kpreluwane PKI yaiku kanggo propaganda supaya rakyat melu nyengkuyung anane PKI. Mula saka kuwi ludrug dibubarake nalika PKI kasoran dening pemerintah.
Nanging ing jaman orde baru ludrug bali ngadeg kaya kesenian wiwitane kang dimandhegani karo para tentara Indonesia. Ing kene ludrug nandhang owah-owahan kang ora kaya ing mangsa biyen. Kaya ta lawak kang katon kurang mula saiki lawake dadi kang paling gedhe utawa onja ing pagelaran ludrug. Nanging krana bantere lakune program pembangunan lan teknologi nyebabake kahanane ludrug saya suwe saya kageser lan pungkasane siji mbaka siji wong-wong padha ninggalake ludrug saengga ludrug saiki padha karo kesenian-kesenian tradisional liyane kaya wayang, kethoprak lan kentrung kang kahanane katon dipinggirake.

0 komentar:

Posting Komentar