Kanjeng Gusti Pangeran Arya Aditya Mangkunegara IV kang minangka panganggit Serat Wanagiri. Anggone Pangeran Arya Aditya Mangkunegara IV aweh wujud Sumbangsih tumrap donyane sastra Jawa uga isih ana liyane maneh kang apik lan kebak kabecikan, kaya ta Serat Giripura lan Serat Tegal Ganda dan lan liya-liyane.
Yen ditilik kanthi utuh, isi saka serat Wanagiri iki ngisahake ngenani anggone KGPAA Mangkunegara IV menyang daerah Wanagiri. Ing pupuh kawitan, yaiku pupuh kinanthi disebutake kang kutipane kaya mangkene:
Ingkang winursiteng tembung, pasanggrahan Wanagiri, prenah kidul wetan praja, ing antara tan tebih, nenggih mung wolulas epal, munggwing sasukuning wukir.
Punika iyasanipun Jeng Gusti Pangeran Dipati Mangkunagara ping tiga, rikalanira cangkrami, babareg kang buron wana, lan misayeng ulam kali.
Adhedhasar kutipan ing ndhuwur kasebut, cetha yen ta diandharake dening pengarang ngenani anggone KGPAA Mangkunegara IV menyang salah sawijining panggonan ing sisih kidul wetan, kang antarane ora adoh mung wolulas pal, yaiku ing dhaerah Wanagiri. Ing kana KGPAA Mangkunegara IV mbebedhag kewan sarta golek iwak ing kali. Lan ing kana KGPAA Mangkunegara IV didherekake para tamu sarta pandhereke, bupati sarta para ksatrya, prajurit lan menteri. Ing kono diandharake yen ta panggonan mau wis dijajar disedyani panggon palereman kang asri minangka omah kanggo pribadi KGPAA Mangkunegara IV. Papan palereman mau ditata kanthi becik ing wanagiri minangka papan palereman sawetara kang inukir kembang maneka warna. Kang ngenani kahanan papan palereman mau diandharake kaya ing kutipan ing ngisor iki:
Ginapura ing palengkung, papalang palipir marga, pager bobok babanjangan, panjang tiga belah kaki. Pesagi capuri pura, perak mubeng ing margi.
Sinung wisma tri tur agung, ginunggung dadya sawiji, ngiras mubeng emperira, ngajeng mujur kampung Bali, balunagn balok balak, ingkang minangka pandhapi.
Ing jero pininta pintu, kori gung lampit angapit, jendela ruji sadaya, naratas terus ing kori, rinenggeng lek mubeng wisma, sasat ton dinulu asri.
Sinalasah balabag byar, linajur rineka loji, talundhag tinundha-tundha, sungsun katri kayu jati, sagung wisma munggwing ngarsa, ajajar ngapit ing kori.
Papan mau kagambarake wiwit saka bageyan gapura utawa regol kang wujude mlengkung, ana pager kang ambane sadawane telung sikil. Ana wisma agung telu kanthi emperan mung siji kadya omah-omah kang ana ing dhaerah Bali. Ing jerone ana lawang kang kaapit jendhela kang ngubengi omah rada akeh selane. Kabeh katon asri banget. Kabeh piranti ginawe saka kayu jati kang apik bdhewe.
Bacute dicritakake papan liyane kang ana ing sisih bangunan mau, kaya kutipan kang kaya mangkene:
Ing ngriku pisowanipun, punggawa lan para mantri, kang tiga panggonan gangsa, pelog slendro cara bali, sajawining pintu ana, wisma lit kiduling margi.
Punika pajaginipun, prajurit kang sara agni, latar pura rinarata, rinolak pethak satharik tinepi ing kala minta, kinentheng pathok angubengi.
Wonten malih wisma mujur, jajar katri kapering wetan, munggweng sajrone capuri, unggyan Urdenas Walanda, landa sihing para tami.
Digambarake, papan mau digunakake kanggo papan kunjungan para punggawa kraton sarta para mantri, kang ing kono ana telung papan lungguhe. Uga ana saprangkat gamelan slendro Bali lan ing sisihe ana lawang tumuju menyang kamar cilik ing sisih kidul margi.
Uga kaandharake ngenani papan kanggo para prajurit kang njaga geni ing papan ibadah yaiku pura. Ing kana uga ana omah kang jajar ngadhep wetan, kanggo papan para tamu saka walanda. Ing perangan lor papan kasebut ana papan kanggo nyimpen panganan nagnti ana padusan utawa papan kanggo adus para raja. Ing sisihe ana pager kang sisihe papan kosong, ing sisih kidul wetan ana papan bangunan agung kanggo Kanjeng Gusti. Dalan lurus sangarepa papan panggone para tamu. Kaya mangkono gegambarane papan panggonan palereman sawetara mau.
Ing serat Wanagiri iki uga digambarake kahanan ing sakiwatengene kali, ana wit-witan kang subur ijo royo-royo kaya kacang , kecipir, jagung, semangka, timun lan liya liyane. Kabeh mau di tulis kaya ing kutipan iki :
Weneh ana winaluku, ginaru ginawe tegil, tinanduran kacang kara, keceme caket pesisir, jagung jarak lan semangka, timun watang lan kerahi.
Lombok terong bayem sekul, sinelan sekar selasih, salong sineling sata, saturute prapteng gisik. Gasik tur wedhi malela, meleng-meleng ting parelik.
Keh warnane watu-watu, kentar-kentir saking wukir, ana seta pita rekta, kresna kapuron ta wilis, gedhah wungu maya-maya, manik-manik pindha akik.
Isih dibacutake maneh ngenani gegambarane papan sakiwatengena palereman sawetara KGPAA Mangkunegara IV mau lan kepriye anggone Ing sisih kidul ngarep capuri ora adoh ana wukir cilik. Lan ing sakiwatengene ana watu-watu. Papan panggonan mau katon endah banget, kaendahan mau digambarake kanthi gamblang ing serat Wanagiri iki. Kaya kutipan iki:
Ngilen leres ngajengi capuri, tan tebih kapentog , wukir alit mangidul sukune, ujung eler tepung lan wanadri, parang rong kaeksi, tuwin watu-watu.
Apapanthan ing pundhaking wukir, soring taru ayom, eyub ayem semi saoyode, muled sela lir sinelang sami, nglalamat lumuting, karirisan tuwuwh.
Tuhu tawang kang aneng tawing, gurdha geng garowong, nguwung-nguwung suwarane, kataman ing maruta sumilir, sulur ting saluwir, silar nora kumpul.
Wreksa jejer jajar wukir, ngempoyok angrongkot, maya mugeg ijo sarondhone, randhu dhadhap dhondhong asandhing, sana senu sembir, sempal simbaripun.
Sawise gegambaran ngenani kahanan, banjur dicritakake ngenani anggone KGPAA Mangkunegara IV ing wana. Ing sisih pinggir akeh peksi, kaya perkutut bondhol, glathik bango, tilang nganti emprit lan isih akeh maneh liyane. Siji mbaka siji kidang, kancil, celeng kang padha mlayu nylametake awake dhewe.
Isih akeh maneh kewan kang mlayu ngadoh lan ndhelik, ing kana mung kari kethek lan lutung kang nyolot-nyolot. Katon ing kutipan ngisor iki:
Sato-sato sadaya mepeki, kidang sangsam ewon, kancil celeng celak panggonane, adharusul dhudhusiri sabin, sima sabeng sepi, sabawa yen dalu.
Landhak luwak cindhak lan trenggiling, blacan cecep gogor, kuwuk kawuk garangan lan rase, walang kapaka rendhojariring, janjang anggung jungkir, jrih jala ring selung.
Bandheng jawi wus sami angili, ngilang ngalih adoh, sarpa-sarpa sasaran playune, yun nalesep nusup ing asepi, mung kari kang kowi, kethek lompat lan lutung.
Pupuh kang pungkasan ing serat Wanagiri yaiku pupuh sinom, ing pupuh iki nyritakake anggone KGPAA Mangkunegara IV mungkasi mbebedhage. Ing pupuh kang pungkasan iki disebutake papan anggone nyerat. Yaiku yen ta naskah serat Wanagiri iki kaserat ing pesanggrahan Wanagiri ing tabuh 9 nalika tanggal 6 wulan Jumadilakhir. Kabeh mau bisa ditilik saka kutipan ing ngisor iki:
Cinendhak pangriptanira, pasanggrahan Wanagiri, mung kinarya mudhar karsa, lalahan langening galih, mamalat mangulati, laladaning lukita nung, pinupul mrih darsana, sang mahak kretarteng budi, kang makirtya, wus wineh ywa neng purwaka.
Titi purnaning panitra, nujwari ing tumpak manis, siyang wanci pukul sanga, kaping nem Jumadilakir, kasa ing windu adi, wuku bala nuju dangu, dewa ngalang hyang rodra, Tungle Ehe ingkang warsi, sinengkalan wrin sabda pandhita raja.
Kaya kang wus diandharake ing ngarep mau yenta serat Wanagiri iki minangka tulisan kang isine anggone KGPAA Mangkunegara IV menyang papan palereman Wanagiri kang digambarake nganggo samubarang kang endah. Lan anggone nggambarake kanthi basa kang endah.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

0 komentar:
Posting Komentar