1 Kethoprak
Kethoprak kalebu sawijine sastra lisan kang lumantar manungsa minangka paragane. Kethoprak mesthi diiringi karo musik gamelan lan diselingi macapatan ing purwakaning adegan, ananging ing kethoprak jaman saiki wis ora ana iringan tembang macapatan. Ing sajrone pagelaran kethoprak uga ana seni tari kang wis baku (Soedarsono, 1985:68).
Miturut Dr. Budi Santoso, S.J. (1997:11) kethoprak iku seni pertunjukan rakyat kang kondhang ing masyarakat Jawa, lan budaya kethoprak iku kalebu kesenian dhaerah saka Jawa Tengah, nanging uga bisa ditemoni ing Jawa Timur lan Yogyakarta. Kethoprak wis dadi sawijine budaya masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngluwihi kesenian liyane.
2 Sejarah Kethoprak
Kethoprak kalebu kesenian rakyat kang arupa sandiwara utawa drama, kethoprak wiwit ana kurang luwih ing taun 1922 ing mangsa Mangkunegaran. Kawitane kethoprak yaiku saka dolanane para pemudha ing dhusun kang lagi gegojegan sinambi diiringi lesung nailka mbulan purnama. Nanging pakulinan iku saiki wis dadi budaya lan dadi salah sawijine seni drama tradhisional kuna.
Ciri kang mligi ing kethoprak yaiku nggunakake basa Jawa. Sistem komunikasi ing kethoprak dilakoni kanthi dialog lan tembang. Ragam basa ing kethoprak nuduhake watak, kalungguhan, trah turun, panyebab, lan status sosial para paraga kang nglakoni adegan. Ing tradhisi Jawa, undha usuk basa gegayutan karo unggah-ungguh, etika, tata krama, lan budi pekerti. Miturut pakar lan pengamat kethoprak, suwargi Handung Kussudyarsana udakara taun 80-an. Unsur basa iku mratandhakake kaadiluhungane seni kethoprak. Sebab, unsur busana mung nggambarake watak lan kalungguhan wong.
Busanane para paraga digandhengake karo crita kang dipentasake. Umume busana kang dienggo padha kaya crita nalika semono, kayata Pangeran Wiraguna, busana kang dienggo yaiku busana resmi pangeran dhaerah Jawa, semono uga busana kang digunakake para prajurit. Nanging uga ana busana kang mligine digawe kang nduweni makna simbolis jroning crita, tuladhane lumantar werna simbolis kang digunakake. Upamane, tokoh kang wicaksana busanane irang, paraga suci migunakake busana putih, banjur paraga kang kendel nggunakake werna abang lan sapiturute. Busana crita-crita sejarah Jawa, nggunakake busana Kejawen. Kanggo crita Seribu Satu Malam, busana kang digunakake akeh kang cemlrot yen kena cahya, kayata sutra. Busana kaya iki lumrahe digunakake kanggo gaya “Mesiran” lan iki banget kondhang lan narik kawigaten para pamirsa. Busana kang dienggo wayang wong aweh pengaruh ing busana kethoprak, utamane kethoprak pesisiran ing Lor Jawa. Kaya crita Angling Darma, Menak Jingga (Damar Wulan).
Ing patemone seniman kethoprak DIY taun 1972 kaasilake rumusan kethoprak minangka kesenian (drama/teater) rakyat kang tuwuh lan ngrembaka ing wewengkon Yogya, Jawa Tengah, lan Jawa Timur kaperang patang periodhisasi. Yaiku Periodhe Kethoprak Lesung (1908-1925), Periodhe Kethoprak Peralihan (1926-1927), Periodhe Kethoprak Gamelan (1928-saiki), lan Periodhe Kethoprak Garapan (konvensional) wiwit taun 1997 nganti saiki.
2.1 Periodhe Kethoprak Lesung (1908-1925)
Kethoprak mula bukane digawa Raden Mas Tumenggung Wreksadiningrat ing taun 1908 saka desa-desa ing Surakarta. Ing desa kethoprak diiringi kanthi instrument kang prasaja arupa lesung saengga disebut kethoprak lesung. Crita kang dijupuk yaitu ngenani uripe tani ing desa. Kethoprak nalika jaman semono diiringi tari kang disebut tari joged gendro. Ragam basa kang digunakake ing kethoprak lesung mung basa ngoko lan krama desa.
Ing taun 1909 kethoprak pentas kang sepisan ing kraton Surakarta. Taun 1925, kethoprak dikenal ing Yogyakarta banjur dikrembakake ing Yogyakarta, saengga ing taun 1928 ing Yogyakarta ngadeg udakara 300 kelompok kethoprak resmi (Satoto, 1989:196).
2.2 Periodhe Kethoprak Peralihan (1926-1927)
Kethoprak banjur ngrembaka dadi seni rakyat lan seni komersil. Sarta ing pangrembakane, kethoprak nggunakake patang ragam basa. Yaiku krama inggil, krama desa, ngoko, kedhaton, sarta ana bagongan. Kethoprak kang digunakake minangka seni komersil kawitane arupa kethoprak keliling kang antuk dhuwit kanthi cara ngamen lan nggunakae piranti musik diongkek. Kethoprak jinis iki diarani kethoprak ongkek. Pangrembakane kethoprak sabanjure yaiku para paragane manggon netep ing sawijine panggon sawetara suwe kang diarani tobong. Mula saka iku diarani kethoprak tobong.
Kethoprak sepisanan kanthi cara resmi dipentasake ing umum yaiku Kethoprak Wreksatama kang dibentuk Ki Wisangkara, kanthi paraga kabeh priya. Crita kang dipentasake isih prasaja yaiku crita Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Darma-Darmi lan sapiturute.
2.3 Periodhe Kethoprak Gamelan (wiwit 1928)
Ing periodhe iki cerita kethoprak wis ana sing nggunakake crita Panji ditambah kanthi busana Mesiran. Gegayutan karo teknologi, nalika jaman iku kethoprak bisa ngempanake nganggo teknologi audio, saengga wiwit taun 1937/1938, kethoprak wis bisa nggegana liwat radio (RRI) Yogyakarta, lan kawiwitian ana grup kethoprak Krida Raharja pimpinan Ki Cakrajiya. Wiwit 1972, kethoprak uga bisa pagelaran kanthi audio visual ing TVRI.
2.4 Periodhe Kethoprak Garapan utawa Kethoprak Konvensional (1997)
Adhedhasar ing Lokakarya Kethoprak kang kaananake Taman Budaya Yogyakarta, tuwuh panemu bantuk anyar kethoprak, yaiku kethoprak garapan.
Kanthi rinci, Bondan nyebutake menawa ciri-ciri kethoprak konvensional yaiku ora migunakake naskah wutuh utawa skenario, dramatika lakon kang adhedhasar wayang kulit purwa, dialog sipate improvisasi, akting lan bloking mung intuitif, tata busana lan rias relais, musik iringane gamelan Pelog lan Slendro, nggunakake keprak lan tembang, suwene pagelaran udakara lima nganti nem jam.
Bareng karo majune jaman, kethoprak wis ora dipentasake ing alam, ananging ing pangggung, saengga uga disebut kethoprak panggung yaiku luwih asipat profesional. Para paragane urip saka mentasake kethoprak lan para pamirsa mbayar guna mlebu (nonton). Nganti pagelaran kethoprak diupayakake murih luwih narik kawigaten para pamirsa saka segi teknis, utawa crita-crita kang disuguhake ora gawe bosen para pamirsa. Kemajuan ing kethoprak bisa kadeleng ing kethoprak “Siswa Budaya” saka Tulungagung, Jawa Timur lan kethoprak humor kang ana ing RCTI kang tuwuh saka panemune Timbul Cs. Kethoprak kasebut metu ing media elektronik lan disenengi karo suku-suku saliyane suku Jawa. Kethoprak kang disuguhake diwuwuhi teks ing sangisore utawa kala-kala nganggo basa Indonesia. Padha kaya arane, kethoprak humor luwih mentingake aspek guyonan lan aksi.
3 Jinise Kethoprak
Kethoprak, bisa kagolongake kaya mengkene :
• Kothekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
• Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo crita , panguripane para tani .
• Kethoprak Lesung : Wujude pagelaran jangkep lan nganggo crita rakyat kairing gamelan kayata gendhang, suling, terbang lan lesung. Iki kang dadi bakal lan laire pagelaran Kethoprak.
• Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo crita Panji lan busana 'mesiran' ( Baghdad ).
• Kethoprak Gamelan Pendhapa : crita-critane ngenani crita Babad, digelarake nganti seprene . Pagelarane ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendhapa ( Pagelarane ana ing 'Pendhapa').
• Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak kang pungkasan , yaiku Kethoprak kang di gelar ana ing panggung kanthi crita campur, awujud crita rakyat, sejarah, babad uga crita adaptasi saka ing nagari manca (Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggone para paraga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan crita digawe luwih apik lan ditindakake kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa didelok ana ing Kethoprak "Siswa Budaya" saka Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.
4. Isine Crita
Werna crita pagelaran Kethoprak akeh banget upamane crita rakyat, dongeng, babad, legendha, sejarah lan adaptasi saka nagara manca bisa uga nggunaake swasana Indonesia, tuladhanene karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Crita-crita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Andhe-andhe Lumut, Angling Darma, Rara Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka Bodho.
Crita klangenan masyarakat bisa arupa crita pahlawanan, paprangan , crita nglempengake kabeneran biyasane ing pungkasan crita sing gawe bebener, tumindak jujur lan apik antuk kamenangan. Busana para paraga pemain di padhakake karo crita kang dipagelarake. Biasane nganggo busana para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Upama Pangeran Wiraguna, Busanane nganggo busana Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Yogyakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga busana kang arupa simbolis, upamane Pawongan kang Wicaksana busanane ireng , Pawongan suci busanane putih, ingkang kendel busanane abang. Crita Baghdad busanane kasebuat "Mesiran" nganggo busana sutra. Busana Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Upamane crita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan. Uga ana busana kasebut basahan, yaiku busana kejawen ananging cinampur ing liyane. Bisa arupa busana batik, lan beskap uga surban (biyasane uga nganggo jubah). Busana basahan iki biyasane ana ing crita Menak utawa crita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Crita kanthi para paraga/pemain , kairing tabuhan (gamelan), Busana tembang kang dadi tetenger kethoprak. Rembugan uga biyasa nganggo tembang, dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog (rerasan dewe) utawa dadi narasi. Wondene unining gamelan kanggo ngiringi tembang, adegan, ilustrasi swasana crita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine.
5 Prangkat Pangiring
Kendhang, saron, kethuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biyasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak. Para paraga kethoprak biyasane saliyane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi lan nari. Para wiyaga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggana), ngiringi irama gamelan kethoprak. Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. Bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak-waliking jaman, kethoprak uga nduwe "improvisasi" kanthi wujud dhagelan kethoprak. Upamane awujud Dhagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Crita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dhagelan supaya bisa nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biyasane wis ora nganggo unggah-ungguh basa lan tata krama, sing baku bisa gawe geguyu. Crita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.
6 Uripe Kethoprak
Biyen seni kethoprak dadi hiburan lan gampang ditemoni ing tipi utawa ing pagelaran alam. Nanging sawise orde reformasi, seni kethoprak saya mundur. Malah saiki wis mrihatinake. Yen masyarakat ora preduli karo seni kethoprak, kena dipesthekake seni masyarakat iki bakal ilang. Perlu dadi pangeling-eling prastawa kaya reyog sing dadi salah sawijining seni tradhisional Indonesia kang nate direbut lan didhaku karo negara liya. Iku sebabe masyarakat ora nggatekake seni reyog kang asli saka Ponorogo iku.
Saya suwe, seni kethoprak san saya luntur, barang kang kuna lan kurang gaul, iku anggepane para pemudha ngenani seni kethoprak. Generasi mudha nganggep kethoprak iku tontonan kanggo wong-wong tuwa, yen generasi mudha nonton kethoprak rumangsa yen gengsi. Saka rasa gengsi iki ndadekake kethoprak dipojokake karo generasi mudha. Kamangka yen dieling-eling perjuangan para sesepuh biyen nganti tohpati mbudidaya anggone nguri-nguri murih seni kethoprak bisa diraskake dening generasi penerus.
Saka kalangan agama, nduweni pamanggih liya. Yaiku kesenian mligine seni kethoprak iku dianggep ora cocog karo ajaran agama. Kamangka yen dideleng maneh saka sejarah mlebune Islam ing tlatah Jawa, Sunan Kalijaga lan Sunan Bonang nggunakake kesenian kanggo nyebar agama Islam. Bok menawa para kalangan agama nglalekake perjuangan Islam nalika ing tanah Jawa kabiyantu banget kanthi anane kesenian. Salah sawiji kang paling dikenal ing internasional yaiku seni wayang. Saliyane iku ing seni kethoprak iku ngandhut ajaran kang becik, ajaran unggah-ungguh kang migunani kanggo para pamirsane. Sarta ora lali kanggo generasi mudha, kethoprak bisa digunakake minangka medhia pasinaon kang becik.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

1 komentar:
sae kang mas.
ijin share nggih?
Posting Komentar