Wayang

Sabtu, 17 Juli 2010

RAMALAN JAYABAYA ING SERAT PRANITIWAKYA JANGKA JAYABAYA TUMRAP AJARAN ISLAM

Jumat, 16 Juli 2010

I
PENDAHULUAN


Kanggo saperangan kaum muslim, panampa ngenani ramalan bakal antuk panyaruwe kang maneka warna lan bisa ndadekake anane adu panemu. Kabeh mau amarga wis cetha lan gamblang banget panemu Islam ngenani ramalan saka babagan supranaturale. Umat Islam antuk larangan ngenani pangarep kang saka jinis undian uga ramalan. Nanging ing kene ora ngenani ramalan kang ilmiah kanthi metode hipotesis utawa kaya ramalan kelayakan bisnis lan sapiturute, nanging mligi marang ramalan kang asipat klenik utawa tumindak kebatinan. Akibat saka ramalan mau bisa beda-beda tumrap manungsa kang percaya. Nanging umume, ramalan nggawe manungsa mung kajebak ing angen-angen wae lan bisa uga kalebu ing wilayah musyrik.

Nanging kudu dimangerteni yen ta ing kasunyatan ngenani ngrembakane ramalan, wayah-wayah iki malah sansaya dipercaya lan malah digandrungi masyarakat. Saya canggih piranti teknologi, penake anggone nglakoni urip, lan informasi kang jembar kang gampang antuk ora agawe kapercayan marang ramalan mau saya ilang. Ramalan malah digawe ngisi kalodhangan jiwa manungsa modheren saka kuranging daya spiritual utawa rohanine. Ramalan wis ora maneh gandheng karo dupa lan kemenyan, kartu tarot, bola Kristal utawa barang-barang kang dianggep sekti liyane. Nanging malah ngrembaka ing piranti komunikasi elektronik kang beyane murah kanggo masyarakat.
Ing masyarakat kalangan tengah menyang ngisor, ngrembakane ramalan dipratandhani karo saya kuwate kabar-kabar lawas ngenani tataran jaman. Kahanan owahing urip ing masyarakat kang terus antuk pacoban urip, kiris kemanusiaan lan dekadensi moral, ndadekake angen-angen ngenani “Ratu Adil”. Lan lumrahe ramalan kang dadi playune manungsa kanggo pangarep-arepe.

Kanggo saperangan masyarakat Jawa miligine, ramalan Jayabaya utawa Jangka Jayabaya, kalebu ramalan kang dianggep nduweni panjangka kang trep marang kahanan saiki lan sabanjure ngenani pratandha pangrembakane jaman. Ramalan iki uga sering diuja-uja minangka gegambarane urip ing mangsa tembe kang cetha lan jelas. Nanging anehe, masyarakat percaya marang ramalan Jayabaya iki umume ora mangerteni saka sumber Ramalan Jayabaya kang baku. Kabeh percaya marang ramalan Jayabaya among saka sumber kang kurang bisa ditanggungjawabake. Utawa kadhang kala mung saka kabar lambe utawa jarene wong. Nanging uga ana kang nolak ramalan Jayabaya, umume adhedhasar pengetahuan utawa kajiyan kang cetha. Lan uga ana amarga wis nduweni sikap antipati marang ramalan, lumebere marang ramalan Jayabaya kang dianggep negatif.

Anane pnulisan iki ora mung kanggo ngupaya ramalan bisa dibenerake, nanging kanggo kajiyan ngenani hakikat saka ramalan Jayabaya mau. Saengga mengko bisa cetha sikap lan tumindake masyarakat kanggo ngadhepi ramalan kanthi dhasar kang cetha. Ora mung jarene wong. Lan kaangkah supaya masyarakat kang nampa lan nolak ramalan Jayabaya ora mung adhedhadar jarene wong wae, nanging kanthi dhasar kang kuwat.


II
PANGARANG RAMALAN JAYABAYA


Perlu dimangerteni yen ta Ramalan Jayabaya minangka kumpulan ramalan kang kawentar ing kalangan masyarakat Jawa. Ramalan iki kasebut kanthi istilah Jangka Jayabaya. Ramalan Jayabaya iki dinilai nduweni ketrepan kan pas marang kahanan mangsa tembe dening masyarakat Jawa. Kanthi cara liya bisa diarani yen ta saperangan wong Jawa banget anggone percaya marang Jangka Jayabaya minangka gegambarane mangsa tembe.

Jangka Jayabaya nduweni jinis kang akeh, udakara ana sangan jinis utawa versi. Umume kitab-kitab ngenani ramalan Jayabaya iki minangka asil karya abad XVII utawa XIX Masehi. Saka ragam versi mau, rata-rata nduweni idhe lan gagasan kang meh padha utawa padha. Mbok menawa babagan iki amarga babonane versi yaiku kitab kang sinebut Musarar utawa Asrar. Mula saka kuwi ING TTULISAN IKI mung diwatesi ing kajiyan adhedhasar Serat Pranitiwakya Jangka Jayabaya wae. Kitab iki dipercaya minangka karangane Raden Ngabehi Ranggawarsita. Serat Pranitiwakya iki bisa makili ramalan Jayabaya kanthi wujud kang luwih ringkes lan bisa dimangerteni kanthi gamblang.


III
TOKOH JAYABAYA
MITURUT SERAT JANGKA JAYABAYA

Jayabaya kang dikarepake ing Jangka Jayabaya ora liya yaiku Prabu Jayabaya raja Kediri kang dianggep nduweni kapinunjulan kang banget babgan ngramal mangsa ing tembe. Jeneng Prabu Jayabaya dheweuga dadi dhasar pamikiran ngenani Ratu Adil. Anane Prabu Jayabaya digayutake karo panitisane DEwa Wisnu kang pungkasan ing Tanah Jawa. Prabu Jayabaya diandharake urip ing swasana Hindhusisme sawijining raja agung kang urip ing jaman iku kang digambarake nduweni gegayutan karo mistik, minangka wujud inkarnasi Dewa kanggo njaga lakuning urip ing masyarakat utawa mayapada (bumi).

Nanging kang dadi pesen utama kanga rep diandharake ing ramalan Jayabaya ngenani tokoh Jayabaya, sanyatane malah ora nggayutake marang Hindhuisme. Ing Serat Praniti Wakya, Prabu Jayabaya digambarake minangka pawongan kang wus nduweni keyakinan ngenani Islam. Lan ing Serat Jayabaya versi liyane digambarake yen ta Islam kang paling cedhak marang nabi yaiku Islame Prabu Jayabaya.

“Yen Islama kadi Nabi, Ri Sang Jayabaya…”
(yen kepengin ngerti Islam kang nyedhaki Islame Nabi Muhammad saw, wong kuwi yaiku Sang Jayabaya).[3]

Gambaran Islam kang dianggep paling apik iki, yen ta pancen bisa kedaden, bandhingane yaiku praktek agama Hindhu kang mayoritas ing masyarakat mangsa iku. Mula saka kuwi Prabu Jayabaya dianggep minangka tokoh muslim kanthi praktek Islam kang paling apik yenta dibandhingake marang manungsa ing mangsa iku kang isih tumindak ajaran Hindhu.

Gegayutan karo Keislaman Prabu Jayabaya, Serat Praniti Wakya ngandharake yen ta Raja Kediri kasebut merguru Maulana Ngali Syamsujen kang asale saka Negara Rum. Kang dimaksud saka tokoh kasebut ora liya yaiku Maulana ‘Ali Syamsu Zein, pawongan sufi kang kira-kira asale saka Damaskus. Prabu Jayabaya digambarake Serat Praniti Wakya minangka pawongan kang taat lan patuh nindakake ajaran agama Islam kasebut.

Banjur apa keislaman Prabu Jayabaya kang urip ing swasana jaman Hindhu iki bisa ditanggungjawabakae kanthi kang murni? Babagan iki minangka masalah kang angel banget digoleki kabenerane. Sebab ora pati akeh bahan kang bisa digunakake kanggo ngrekonstruksi uriping agama ing mangsa Prabu Jayabaya. Malah ora sithik kang nggambarake yen ta Prabu Jayabaya ora liya mung tokoh fiktif utawa ora nyata. Tulisan kang akeh ragame ngenani Jangka Jayabaya, umume ngrembaka nalika Islamh ngrembaka minangka ajaran ing masyarakat. Nanging kabeh mau sing wigati kanggo dimangerteni utamane masyarakat kejawen, yen miturut Serat Praniti Wakya ngenani Jangka Jayabaya, Jangka jayabaya dudu duweke aliran kejawen, sebab serat iki adhedhasar daya pangaribawa Islam.

Gegayutan karo anane penganut Islam kang diyakini mangsa Jayabaya ora dadi bab kang mokal. Prabu Jayabaya diyakini urip ing mangsa abad XII, ing mangsa antarane tahun 1135 lan 1157 Masehi. Dene ing mangsa sadurunge, yaiku mangsa pamarintahane Erlangga, XI, di Leran, udakara 8 (wolung) kilometer saka Gresik, wis ditemokake watu nisan saka makam pawongan kang jenenge Fathimah binti Maimun bin Hibatullah kang menehi informasi yen ta wanita mau nduweni keyakinan agama Islam kang seda ing tanggal 7 Rajab 475 H utawa taun 1082 M. Miturut Prof. Dr. Hamka, ing catatan China, disebutake yen ta raja Arab ngirimake duta saraya kanggo nyelidhiki ratu saka Holing (Kalingga) kang asmane Ratu Shi Ma kang diyakini wis nindakake ukum had udakara taun 674-675 Masehi. Prof. Dr. Hamka ndudut yen ta raja Arab kang dikarep yaiku Mu’awiyah bin Abu Sufyan kang urip ing mangsa kuwi lan seda ing mangsa 680 Masehi. Semono uga Seminar Masuknya Islam ke Indonesia kang nyebutake yan ta Islam mlebu ing Indonesia yaiku nalika abad I Hijriah atau abad VII-VIII Masehi.

Karya sastra kang kaanggit ing mangsa kang diperkirakake minangka mangsa paranitahan Jayabaya, luwih ndhoyong marang daya pangaribawa agama Islam. Disertasi Dr. Sucipta Wiryosuparto nyebutake yen ta Kakawin Gatutkacasraya anggitane Mpu Panuluh, akeh kang nggunakakae tembung-tembung saka arab. Anggone nganggo tembung-tembung arab iki uga ditemokake ing ing Serat Baratayuddha, karya bersama Mpu Panuluh dan Mpu Sedah. Tulisan pujangga kang kaya mangkene iku mokal kajaba wis kedaden interaksi karo penganut agama Islam. Babagan iki mbuktekake yen ta ana kumpulan wong Islam ing tanah Jawa nalika mangsa Raden Jayabaya. Mula saka kuwi, ora mokal dhakwah Islam tumeka ing para panguwasa kalebu Prabu Jayabaya. Semono uga ngenani keislaman sang Raja Jayabaya minangka babagan kang bisa wae kedaden, amarga Jangka Jayabaya disebut minangka turunan saka karya sastra kang luwih tuwa.



IV
SUBSTANSI JANGKA JAYABAYA


4.1 Ngenani Jaman Akhir

Bisa diandharake yen ta meh saperangan gedhe isi Serat Praniti Wakya ngandharake ngenani mangsa ing tembe Pulo Jawa ing perspektif Jayabaya. Nanging yen diwawas luwih jero maneh, bakal katon yen ta ing Serat Praniti Wakya akeh gegambaran kang njupuk sakasumber Islam kang arupa Al Quran lan Hadits. Kabar-kabar ngenani jaman akhir saka kalorone panutan umat Islam kasebut banjur digarap ing tulisan pengarang Serat Praniti Wakya (kang minangka anggitane R. Ng. Ranggawarsita). Saengga sipat universal utawa umum saka ajaran Islam ngenani kabar Jaman akhir banjur diterangake lan ditrapake ing lingkup Jawa. Ora bisa diselaki maneh yen ta saperangan gedhe ajaran Islam wis nandang proses “Jawanisai”. Nanging ruh Islam isih katon lan asipat tetep lan ora ilang.

Kaya tuturan Jayabaya ngenani kiamat iki. Sang Prabu nyatakake yen ta kiamat yaiku:
“kukuting djagad lan wiji kang gumelar iki, iku tekane djajal laknat …”.
Kang ateges rampunge samubarang ing bumi iki nalika tekane djajal kang laknat.

Iki uga bisa katilik saka pamanggih Prabu Haji Jayabaya ngenani bakal tekane Yakjuja wa Makjuja (Ya’juj dan Ma’juj), kiamat kubra (kiamat besar), lochil ma’pule (lauh al mahfudz), lan sapiturute.



4.2 Pembabakan Jaman lan Ramalan Tuwuhing Kerajaan

Konsep-konsep kang kinandhut ing Serat Praniti ora bisa diselaki yen ta saka ajaran Islam. Andharan ngenani pira-pira pamikiran Islam ing Serat Praniti Wakya saperangan pancen asipat blaka lan cetha. Pembabakan Jaman kaperang dadi telu yaiku jaman kaliswara, kaliyoga, lan kalisengara iki cetha yen dudu perspektif Islam. Uga dene ramalan ngenani bakal anane pira-pira Kerajaan ing Jawa kaya Pajajaran, Majapahit, Demak, Pajang, Mataram, Kartasura, lan Surakarta. Nanging bab iku banjur ora bisa kaandharake kanthi ilmiah. Andharane bisa kaya mangkene:

4.2.1 Iku mau amarga sang pengarang Serat Praniti Wakya, yaiku R. Ng. Ranggawarsita duwe maksud nggambarake pemahaman sang Prabu Jayabaya kanthi apa anane, yaiku sawijining pawongan muslim kang urip ing swasana Hindhu.

4.2.1 Bab iku bisa tuwuh amarga pamikirane pengarang dhewe. Nalika pengarang nulis pira-pira versi ramalan Jayabaya, Ranggawarsita urip ing mangsa kang dheweke bisa mangerteni gegayutane pangrembakane pira-pira Kerajaan jaman biyen kaya Pajajaran, Majapahit, Demak, Pajang, dan seterusnya. Katrangan mau bisa didudut yen ta ramalan Jayabaya kaya-kaya trep ing tembe.

4.2.3 Yen ditilik yen ta ora ana kang nyebutake pesthi ngenani Prabu Jayabaya kang minangka pawongan kang pinter ing babagan ramalan mangsa tembe, mula bisa kadudut kabeh mau amarga R. Ng. Ranggawarsita kurang tuntas anggone nyinaoni ajaran Islam, mula saka kuwi ana saperangan kang katilik rada ora Islami.

4.3 Tassawuf lan Ramalan Jawa Kinalungan Wesi

Ranggawarsita nate ngaji ing Pondok Pesantren Tegalsari, Ponorogo, kang diasuh Kyai Hasan Bashori utawa sinebut Kyai Kasan Besari. Sadurunge ngaji ing Pondok, sejatine Ranggawarsita wis baut anggone maca Al Quran. Mula saka kuwi nalika ing Pondok antuk piwulangan ngenani kajiyan Al Quran lan Fiqih mula Ranggawarsita dadi jengkel. Malah kanggo nguntapake jengkele, dheweke sering metu saka lingkungan pondok saperlu adu jago. Kyai Kasan Besari pungkasane mangerteni kena ngapa Ranggawarsita jengkel, mula saka kuwi Ranggawarsita banjur diwenehi kajiyan ilmu tassawuf. Iku mau kang gawe daya pangaribawa marang pemahaman syariate Ranggawarsita mangsa sabacute.

Dene Ramalan kang asipat kanggo jangka ing tembe kang kaya-kaya nduweni katrepan ing jaman kang diramalake bisa kaandharake kaya mangkena, kaya ta:

“… Nusa Jawa bakal kinalungan wesi” (Pulo Jawa bakal dikalungi karo wesi).

Saperangan tafsiran dimaknani yen ta, panemu iku ana gegayutane karo tuwuhing industrialism ing Jawa. Ana kang maknani yen ta kalung wesi iku rel utawa dalan sepur kang minangka gegambarane sepur. Tafsiran iki bener amarga Ranggawarsita urip ing jaman penjajahan Walanda. Daya pangaribawa saka penjajah Walanda gedhe banget marang lingkungan keratin.. Dene ing bumi Eropa , diwiwiti saka Prancis lan nyebar ing Negara-negara Eropa kaya Walanda, lagi nandang Revolusi Industri saengga industrialisai utawa transportasi dharat nggunakake kereta wus dadi babagan kang lumrah. Crita-crita kang kaya mangkono kuwi bisa keprungu ing wilayah kraton kang kanthi ajeg ana gegayutane karo bangsa Walanda. Wis dadi bab kang baku yenta panemuRanggawarsita, yen ta Jawa lagi ana ing gegemaning bangsa Walanda, mula ora kliru yen ta kalung wesi bakal ngiteri Jawa, yaiku arupa industrialisasi kang awujud kreta api.

4.4 Tradhisi Kapemimpinane Pandhita lan Prabu Jayabaya iku titisaning Wisnu

Kang narik kawigaten saka serat Praniti Wakya minangka asil karyane R. Ng. Ranggawarsita, ngandharake ngenani panemune Prabu Jayabaya marang tradhisi kapemimpinane Pandhita. Pandhita ing sitem kasta Hindhu nduweni drajat kalungguhan kang paling dhuwur kanthi social. Luwih dhuwur yen dibandhingake kastane para Raja lan Ksatria.

Dicritakake yen ta sawise sinau marangMaulana ‘Ali Syamsu Zain, Prabu Jayabaya karo anake kang jenenge Prabu Anom Jayamijaya nduwe niyat ndherekake sang Guru menyang Negara Rum tuma ing pelabuhan. Mulih saka pelabuhan, Prabu Jayabaya lan anake mampir menyang pratapane sawijining Pandhita kang aran Ajar Subrata, yaiku sedulur sapreguron san Prabu jayabaya. Nanging Pandhita mau isih ngugemi ajaran Hindhu. Sang Pandhita dwe maksud njajal Prabu Jayabaya kang kawentar minangka titisan Bathara Wisnu kanthi menehi pitung suguhan kang arupa kunyit sarimpang, jadah, getih, kejar sawit, bawang putih, kembang melathi, lan kembang seruni kang siji-sijine diwadhahi takir.

Suguhan kasebut kanggo Prabu Jayabaya nduweni makna sinandi utawa arti kang ora sanyatane. Apa maneh Prabu Jaya baya lan Ajar Subrata nate dadi sedulur sapreguron saengga bisa wae dheweke nduwe kawruh kang kurang luwih padha. Susguhan kasebut agawe sang Prabu banget duka lan bacute mateni Pandhita lan putrine kang dadi garwane Prabu Anom Jayamijaya, putrane. Sawise prastawa kasebut, Jayabaya nerangake yen ta anggone dheweke mateni pawongan loro mau kanggo menehi ukuman marang kurang ajare Sang Pandhita kang nduweni niyatan arep mungkasi kuwasane Raja-raja neng tanah Jawa. Suguhan mau nduweni makna yen Prabu Jayabaya mangan suguhan mau, mula kuwasa ing Jawa bakal tetep ana ing tangane Pandhita, lan jaman baru, kalebu ing njerone ana pangrembakane Islam, ora bakal bisa kedaden.

Kaya mangkono panemu ing Serat Praniti Wakya, yen ta Prabu Jayabaya yaiku titisan Wisnu kang mung kari kaping pindho tumurun ing Marcapada. Saparipurnane Prabu Jayabaya, dicritakake yen ta Wisnu bakal nitis ing Jenggala lan sawise iku ora bakalan ana maneh titisan sarta ora nduweni tanggungjawab maneh tumrap kemakmuran lan karusakan ing bumi utawa alam ghaib.

“… Ingsun iki pandjenenganing Wisjnu Murti, kebubuhan agawe rahardjaning bumi, dene panitahingsun mung kari pindo, katelu ingsun iki, ing sapungkuringsun saka Kediri nuli tumitah ana ing Djenggala, wus ora tumitah maneh, karana wus dudu bubuhan ingsun, gemah rusaking djagad, lawan kahananing wus ginaib, ingsun wus ora kena melu-melu, tunggal ana sadjroning kakarahe guruningsun, ...”

Tulisan ing ndhuwur nggambarake yen ta ajaran ngenani dewa ing hindhuisme ora bakal kedaden maneh sapungkure nitise Wisnu ing Jenggala. Bab iki ditegesi yen ta sapungkure nitise Wisnu ing Jenggala, Wisnu wis ora nduweni tanggung jawab maneh marang utuhing donya nyata utawa donya donya maya alam ghaib, kalebu ngenani dewa. Bisa ditilik saka paripurnane iku, Majapahit kang dianggep minangka kerajaan kang kawentar ing nuswantara masiya kanyata wis ora bisa nindakake ajaran Hindhu kanthi murni, nanging nindakake sinkretisme antarane ajaran Syiwa lan Budha. Bacute jaman bakalan owah pinuju jaman Islam kang disasmitakake yen ta kahanan bakalan dadi siji kanthi tongkat utawa cekelan guru Jayabaya kang asma Maulana ‘Ali Syamsu Zein. Malah kathi cara kasirat ing Serat Praniti Wakya sejatine nyoba ngandharake yen ta Bathara Wisnu, Dewa kang kalebu ing Trimurti lan nduweni tanggungjawab njaga alam semesta utawa Marcapada, kanyata wis bisa nampa ajaran Islam minangka agamane.


V
PANUTUP


Kaya mangkono gegambaran ngenani Serat Praniti Wakya Jangka Jayabaya. Kitab kasebut dhasare yaiku buku kang nyoba kanggo aweh apresiai marang anane Islam Ing Pulo Jawa. Hatta, ing njerone ngandhut akeh babagan kang musykil lan kaya-kaya ora cundhuk karo ajaran Islam, nanging kitab kasebut yen disawang minangkaperangan saka proses dhakwah Islam ing pulo Jawa, mula bisa dikaji kanthi kajiyan Agama, utamane Islam. Sebab akeh banget karya sastra Jawa kang nduweni nafas Islam nanging dianggep kitab Hindhu utawa kebatinan. Nanging kabeh mau among adhedhasar sudhut pandhange wae. Kahanan kaya mangkene iki amarga isih sithike wong jawa utamane wong muslim kang gelem nyinaoni naskah-naskah lama karya para pujangga saka sudhut pandhang agama. Lan uga dikira yen ta kajiyan ilmu ing kalangan Islam isih durung ngrembaka.

Serat Praniti Wakya Jangka Jayabaya, anggitane pujangga R. Ng. Ranggawarsita, kaya-kaya minangka wujud gabungan antarane Islam dan kejawen. Nanging sejatine piwulangan Islam luwih rowa, dene kejawen dhewe mung minangka kulit njaba kang dadi wujud pamikiran Jawa kang wis oleh daya pangaribawa ruh Islam.

Bacute, hakikat “ramalan” Jayabaya minangka perangan upaya mangerteni Islam kang saka proses kang dawa kang durung rampung. Mula saka kuwi bisa dikaji kanthi luwih jero maneh.


DHAFTAR KAPUSTAKAN


Arikunta, Suharsimi, 1998. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Jakarta : Reka Cipta

Nurgiantoro, Burhan, 2000. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta : Gajah Mada University Press

ANDHARAN NGENANI SERAT WANAGIRI

Kanjeng Gusti Pangeran Arya Aditya Mangkunegara IV kang minangka panganggit Serat Wanagiri. Anggone Pangeran Arya Aditya Mangkunegara IV aweh wujud Sumbangsih tumrap donyane sastra Jawa uga isih ana liyane maneh kang apik lan kebak kabecikan, kaya ta Serat Giripura lan Serat Tegal Ganda dan lan liya-liyane.
Yen ditilik kanthi utuh, isi saka serat Wanagiri iki ngisahake ngenani anggone KGPAA Mangkunegara IV menyang daerah Wanagiri. Ing pupuh kawitan, yaiku pupuh kinanthi disebutake kang kutipane kaya mangkene:

Ingkang winursiteng tembung, pasanggrahan Wanagiri, prenah kidul wetan praja, ing antara tan tebih, nenggih mung wolulas epal, munggwing sasukuning wukir.

Punika iyasanipun Jeng Gusti Pangeran Dipati Mangkunagara ping tiga, rikalanira cangkrami, babareg kang buron wana, lan misayeng ulam kali.

Adhedhasar kutipan ing ndhuwur kasebut, cetha yen ta diandharake dening pengarang ngenani anggone KGPAA Mangkunegara IV menyang salah sawijining panggonan ing sisih kidul wetan, kang antarane ora adoh mung wolulas pal, yaiku ing dhaerah Wanagiri. Ing kana KGPAA Mangkunegara IV mbebedhag kewan sarta golek iwak ing kali. Lan ing kana KGPAA Mangkunegara IV didherekake para tamu sarta pandhereke, bupati sarta para ksatrya, prajurit lan menteri. Ing kono diandharake yen ta panggonan mau wis dijajar disedyani panggon palereman kang asri minangka omah kanggo pribadi KGPAA Mangkunegara IV. Papan palereman mau ditata kanthi becik ing wanagiri minangka papan palereman sawetara kang inukir kembang maneka warna. Kang ngenani kahanan papan palereman mau diandharake kaya ing kutipan ing ngisor iki:

Ginapura ing palengkung, papalang palipir marga, pager bobok babanjangan, panjang tiga belah kaki. Pesagi capuri pura, perak mubeng ing margi.

Sinung wisma tri tur agung, ginunggung dadya sawiji, ngiras mubeng emperira, ngajeng mujur kampung Bali, balunagn balok balak, ingkang minangka pandhapi.

Ing jero pininta pintu, kori gung lampit angapit, jendela ruji sadaya, naratas terus ing kori, rinenggeng lek mubeng wisma, sasat ton dinulu asri.

Sinalasah balabag byar, linajur rineka loji, talundhag tinundha-tundha, sungsun katri kayu jati, sagung wisma munggwing ngarsa, ajajar ngapit ing kori.

Papan mau kagambarake wiwit saka bageyan gapura utawa regol kang wujude mlengkung, ana pager kang ambane sadawane telung sikil. Ana wisma agung telu kanthi emperan mung siji kadya omah-omah kang ana ing dhaerah Bali. Ing jerone ana lawang kang kaapit jendhela kang ngubengi omah rada akeh selane. Kabeh katon asri banget. Kabeh piranti ginawe saka kayu jati kang apik bdhewe.

Bacute dicritakake papan liyane kang ana ing sisih bangunan mau, kaya kutipan kang kaya mangkene:
Ing ngriku pisowanipun, punggawa lan para mantri, kang tiga panggonan gangsa, pelog slendro cara bali, sajawining pintu ana, wisma lit kiduling margi.

Punika pajaginipun, prajurit kang sara agni, latar pura rinarata, rinolak pethak satharik tinepi ing kala minta, kinentheng pathok angubengi.

Wonten malih wisma mujur, jajar katri kapering wetan, munggweng sajrone capuri, unggyan Urdenas Walanda, landa sihing para tami.

Digambarake, papan mau digunakake kanggo papan kunjungan para punggawa kraton sarta para mantri, kang ing kono ana telung papan lungguhe. Uga ana saprangkat gamelan slendro Bali lan ing sisihe ana lawang tumuju menyang kamar cilik ing sisih kidul margi.

Uga kaandharake ngenani papan kanggo para prajurit kang njaga geni ing papan ibadah yaiku pura. Ing kana uga ana omah kang jajar ngadhep wetan, kanggo papan para tamu saka walanda. Ing perangan lor papan kasebut ana papan kanggo nyimpen panganan nagnti ana padusan utawa papan kanggo adus para raja. Ing sisihe ana pager kang sisihe papan kosong, ing sisih kidul wetan ana papan bangunan agung kanggo Kanjeng Gusti. Dalan lurus sangarepa papan panggone para tamu. Kaya mangkono gegambarane papan panggonan palereman sawetara mau.

Ing serat Wanagiri iki uga digambarake kahanan ing sakiwatengene kali, ana wit-witan kang subur ijo royo-royo kaya kacang , kecipir, jagung, semangka, timun lan liya liyane. Kabeh mau di tulis kaya ing kutipan iki :

Weneh ana winaluku, ginaru ginawe tegil, tinanduran kacang kara, keceme caket pesisir, jagung jarak lan semangka, timun watang lan kerahi.

Lombok terong bayem sekul, sinelan sekar selasih, salong sineling sata, saturute prapteng gisik. Gasik tur wedhi malela, meleng-meleng ting parelik.

Keh warnane watu-watu, kentar-kentir saking wukir, ana seta pita rekta, kresna kapuron ta wilis, gedhah wungu maya-maya, manik-manik pindha akik.

Isih dibacutake maneh ngenani gegambarane papan sakiwatengena palereman sawetara KGPAA Mangkunegara IV mau lan kepriye anggone Ing sisih kidul ngarep capuri ora adoh ana wukir cilik. Lan ing sakiwatengene ana watu-watu. Papan panggonan mau katon endah banget, kaendahan mau digambarake kanthi gamblang ing serat Wanagiri iki. Kaya kutipan iki:

Ngilen leres ngajengi capuri, tan tebih kapentog , wukir alit mangidul sukune, ujung eler tepung lan wanadri, parang rong kaeksi, tuwin watu-watu.

Apapanthan ing pundhaking wukir, soring taru ayom, eyub ayem semi saoyode, muled sela lir sinelang sami, nglalamat lumuting, karirisan tuwuwh.

Tuhu tawang kang aneng tawing, gurdha geng garowong, nguwung-nguwung suwarane, kataman ing maruta sumilir, sulur ting saluwir, silar nora kumpul.

Wreksa jejer jajar wukir, ngempoyok angrongkot, maya mugeg ijo sarondhone, randhu dhadhap dhondhong asandhing, sana senu sembir, sempal simbaripun.

Sawise gegambaran ngenani kahanan, banjur dicritakake ngenani anggone KGPAA Mangkunegara IV ing wana. Ing sisih pinggir akeh peksi, kaya perkutut bondhol, glathik bango, tilang nganti emprit lan isih akeh maneh liyane. Siji mbaka siji kidang, kancil, celeng kang padha mlayu nylametake awake dhewe.

Isih akeh maneh kewan kang mlayu ngadoh lan ndhelik, ing kana mung kari kethek lan lutung kang nyolot-nyolot. Katon ing kutipan ngisor iki:

Sato-sato sadaya mepeki, kidang sangsam ewon, kancil celeng celak panggonane, adharusul dhudhusiri sabin, sima sabeng sepi, sabawa yen dalu.

Landhak luwak cindhak lan trenggiling, blacan cecep gogor, kuwuk kawuk garangan lan rase, walang kapaka rendhojariring, janjang anggung jungkir, jrih jala ring selung.

Bandheng jawi wus sami angili, ngilang ngalih adoh, sarpa-sarpa sasaran playune, yun nalesep nusup ing asepi, mung kari kang kowi, kethek lompat lan lutung.

Pupuh kang pungkasan ing serat Wanagiri yaiku pupuh sinom, ing pupuh iki nyritakake anggone KGPAA Mangkunegara IV mungkasi mbebedhage. Ing pupuh kang pungkasan iki disebutake papan anggone nyerat. Yaiku yen ta naskah serat Wanagiri iki kaserat ing pesanggrahan Wanagiri ing tabuh 9 nalika tanggal 6 wulan Jumadilakhir. Kabeh mau bisa ditilik saka kutipan ing ngisor iki:

Cinendhak pangriptanira, pasanggrahan Wanagiri, mung kinarya mudhar karsa, lalahan langening galih, mamalat mangulati, laladaning lukita nung, pinupul mrih darsana, sang mahak kretarteng budi, kang makirtya, wus wineh ywa neng purwaka.


Titi purnaning panitra, nujwari ing tumpak manis, siyang wanci pukul sanga, kaping nem Jumadilakir, kasa ing windu adi, wuku bala nuju dangu, dewa ngalang hyang rodra, Tungle Ehe ingkang warsi, sinengkalan wrin sabda pandhita raja.

Kaya kang wus diandharake ing ngarep mau yenta serat Wanagiri iki minangka tulisan kang isine anggone KGPAA Mangkunegara IV menyang papan palereman Wanagiri kang digambarake nganggo samubarang kang endah. Lan anggone nggambarake kanthi basa kang endah.

PANGREMBAKANE KETHOPRAK

1 Kethoprak
Kethoprak kalebu sawijine sastra lisan kang lumantar manungsa minangka paragane. Kethoprak mesthi diiringi karo musik gamelan lan diselingi macapatan ing purwakaning adegan, ananging ing kethoprak jaman saiki wis ora ana iringan tembang macapatan. Ing sajrone pagelaran kethoprak uga ana seni tari kang wis baku (Soedarsono, 1985:68).
Miturut Dr. Budi Santoso, S.J. (1997:11) kethoprak iku seni pertunjukan rakyat kang kondhang ing masyarakat Jawa, lan budaya kethoprak iku kalebu kesenian dhaerah saka Jawa Tengah, nanging uga bisa ditemoni ing Jawa Timur lan Yogyakarta. Kethoprak wis dadi sawijine budaya masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngluwihi kesenian liyane.

2 Sejarah Kethoprak
Kethoprak kalebu kesenian rakyat kang arupa sandiwara utawa drama, kethoprak wiwit ana kurang luwih ing taun 1922 ing mangsa Mangkunegaran. Kawitane kethoprak yaiku saka dolanane para pemudha ing dhusun kang lagi gegojegan sinambi diiringi lesung nailka mbulan purnama. Nanging pakulinan iku saiki wis dadi budaya lan dadi salah sawijine seni drama tradhisional kuna.
Ciri kang mligi ing kethoprak yaiku nggunakake basa Jawa. Sistem komunikasi ing kethoprak dilakoni kanthi dialog lan tembang. Ragam basa ing kethoprak nuduhake watak, kalungguhan, trah turun, panyebab, lan status sosial para paraga kang nglakoni adegan. Ing tradhisi Jawa, undha usuk basa gegayutan karo unggah-ungguh, etika, tata krama, lan budi pekerti. Miturut pakar lan pengamat kethoprak, suwargi Handung Kussudyarsana udakara taun 80-an. Unsur basa iku mratandhakake kaadiluhungane seni kethoprak. Sebab, unsur busana mung nggambarake watak lan kalungguhan wong.
Busanane para paraga digandhengake karo crita kang dipentasake. Umume busana kang dienggo padha kaya crita nalika semono, kayata Pangeran Wiraguna, busana kang dienggo yaiku busana resmi pangeran dhaerah Jawa, semono uga busana kang digunakake para prajurit. Nanging uga ana busana kang mligine digawe kang nduweni makna simbolis jroning crita, tuladhane lumantar werna simbolis kang digunakake. Upamane, tokoh kang wicaksana busanane irang, paraga suci migunakake busana putih, banjur paraga kang kendel nggunakake werna abang lan sapiturute. Busana crita-crita sejarah Jawa, nggunakake busana Kejawen. Kanggo crita Seribu Satu Malam, busana kang digunakake akeh kang cemlrot yen kena cahya, kayata sutra. Busana kaya iki lumrahe digunakake kanggo gaya “Mesiran” lan iki banget kondhang lan narik kawigaten para pamirsa. Busana kang dienggo wayang wong aweh pengaruh ing busana kethoprak, utamane kethoprak pesisiran ing Lor Jawa. Kaya crita Angling Darma, Menak Jingga (Damar Wulan).
Ing patemone seniman kethoprak DIY taun 1972 kaasilake rumusan kethoprak minangka kesenian (drama/teater) rakyat kang tuwuh lan ngrembaka ing wewengkon Yogya, Jawa Tengah, lan Jawa Timur kaperang patang periodhisasi. Yaiku Periodhe Kethoprak Lesung (1908-1925), Periodhe Kethoprak Peralihan (1926-1927), Periodhe Kethoprak Gamelan (1928-saiki), lan Periodhe Kethoprak Garapan (konvensional) wiwit taun 1997 nganti saiki.

2.1 Periodhe Kethoprak Lesung (1908-1925)
Kethoprak mula bukane digawa Raden Mas Tumenggung Wreksadiningrat ing taun 1908 saka desa-desa ing Surakarta. Ing desa kethoprak diiringi kanthi instrument kang prasaja arupa lesung saengga disebut kethoprak lesung. Crita kang dijupuk yaitu ngenani uripe tani ing desa. Kethoprak nalika jaman semono diiringi tari kang disebut tari joged gendro. Ragam basa kang digunakake ing kethoprak lesung mung basa ngoko lan krama desa.
Ing taun 1909 kethoprak pentas kang sepisan ing kraton Surakarta. Taun 1925, kethoprak dikenal ing Yogyakarta banjur dikrembakake ing Yogyakarta, saengga ing taun 1928 ing Yogyakarta ngadeg udakara 300 kelompok kethoprak resmi (Satoto, 1989:196).

2.2 Periodhe Kethoprak Peralihan (1926-1927)
Kethoprak banjur ngrembaka dadi seni rakyat lan seni komersil. Sarta ing pangrembakane, kethoprak nggunakake patang ragam basa. Yaiku krama inggil, krama desa, ngoko, kedhaton, sarta ana bagongan. Kethoprak kang digunakake minangka seni komersil kawitane arupa kethoprak keliling kang antuk dhuwit kanthi cara ngamen lan nggunakae piranti musik diongkek. Kethoprak jinis iki diarani kethoprak ongkek. Pangrembakane kethoprak sabanjure yaiku para paragane manggon netep ing sawijine panggon sawetara suwe kang diarani tobong. Mula saka iku diarani kethoprak tobong.
Kethoprak sepisanan kanthi cara resmi dipentasake ing umum yaiku Kethoprak Wreksatama kang dibentuk Ki Wisangkara, kanthi paraga kabeh priya. Crita kang dipentasake isih prasaja yaiku crita Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Darma-Darmi lan sapiturute.

2.3 Periodhe Kethoprak Gamelan (wiwit 1928)
Ing periodhe iki cerita kethoprak wis ana sing nggunakake crita Panji ditambah kanthi busana Mesiran. Gegayutan karo teknologi, nalika jaman iku kethoprak bisa ngempanake nganggo teknologi audio, saengga wiwit taun 1937/1938, kethoprak wis bisa nggegana liwat radio (RRI) Yogyakarta, lan kawiwitian ana grup kethoprak Krida Raharja pimpinan Ki Cakrajiya. Wiwit 1972, kethoprak uga bisa pagelaran kanthi audio visual ing TVRI.

2.4 Periodhe Kethoprak Garapan utawa Kethoprak Konvensional (1997)
Adhedhasar ing Lokakarya Kethoprak kang kaananake Taman Budaya Yogyakarta, tuwuh panemu bantuk anyar kethoprak, yaiku kethoprak garapan.
Kanthi rinci, Bondan nyebutake menawa ciri-ciri kethoprak konvensional yaiku ora migunakake naskah wutuh utawa skenario, dramatika lakon kang adhedhasar wayang kulit purwa, dialog sipate improvisasi, akting lan bloking mung intuitif, tata busana lan rias relais, musik iringane gamelan Pelog lan Slendro, nggunakake keprak lan tembang, suwene pagelaran udakara lima nganti nem jam.
Bareng karo majune jaman, kethoprak wis ora dipentasake ing alam, ananging ing pangggung, saengga uga disebut kethoprak panggung yaiku luwih asipat profesional. Para paragane urip saka mentasake kethoprak lan para pamirsa mbayar guna mlebu (nonton). Nganti pagelaran kethoprak diupayakake murih luwih narik kawigaten para pamirsa saka segi teknis, utawa crita-crita kang disuguhake ora gawe bosen para pamirsa. Kemajuan ing kethoprak bisa kadeleng ing kethoprak “Siswa Budaya” saka Tulungagung, Jawa Timur lan kethoprak humor kang ana ing RCTI kang tuwuh saka panemune Timbul Cs. Kethoprak kasebut metu ing media elektronik lan disenengi karo suku-suku saliyane suku Jawa. Kethoprak kang disuguhake diwuwuhi teks ing sangisore utawa kala-kala nganggo basa Indonesia. Padha kaya arane, kethoprak humor luwih mentingake aspek guyonan lan aksi.

3 Jinise Kethoprak
Kethoprak, bisa kagolongake kaya mengkene :
• Kothekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
• Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo crita , panguripane para tani .
• Kethoprak Lesung : Wujude pagelaran jangkep lan nganggo crita rakyat kairing gamelan kayata gendhang, suling, terbang lan lesung. Iki kang dadi bakal lan laire pagelaran Kethoprak.
• Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo crita Panji lan busana 'mesiran' ( Baghdad ).
• Kethoprak Gamelan Pendhapa : crita-critane ngenani crita Babad, digelarake nganti seprene . Pagelarane ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendhapa ( Pagelarane ana ing 'Pendhapa').
• Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak kang pungkasan , yaiku Kethoprak kang di gelar ana ing panggung kanthi crita campur, awujud crita rakyat, sejarah, babad uga crita adaptasi saka ing nagari manca (Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggone para paraga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan crita digawe luwih apik lan ditindakake kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa didelok ana ing Kethoprak "Siswa Budaya" saka Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

4. Isine Crita
Werna crita pagelaran Kethoprak akeh banget upamane crita rakyat, dongeng, babad, legendha, sejarah lan adaptasi saka nagara manca bisa uga nggunaake swasana Indonesia, tuladhanene karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Crita-crita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Andhe-andhe Lumut, Angling Darma, Rara Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka Bodho.
Crita klangenan masyarakat bisa arupa crita pahlawanan, paprangan , crita nglempengake kabeneran biyasane ing pungkasan crita sing gawe bebener, tumindak jujur lan apik antuk kamenangan. Busana para paraga pemain di padhakake karo crita kang dipagelarake. Biasane nganggo busana para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Upama Pangeran Wiraguna, Busanane nganggo busana Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Yogyakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga busana kang arupa simbolis, upamane Pawongan kang Wicaksana busanane ireng , Pawongan suci busanane putih, ingkang kendel busanane abang. Crita Baghdad busanane kasebuat "Mesiran" nganggo busana sutra. Busana Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Upamane crita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan. Uga ana busana kasebut basahan, yaiku busana kejawen ananging cinampur ing liyane. Bisa arupa busana batik, lan beskap uga surban (biyasane uga nganggo jubah). Busana basahan iki biyasane ana ing crita Menak utawa crita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Crita kanthi para paraga/pemain , kairing tabuhan (gamelan), Busana tembang kang dadi tetenger kethoprak. Rembugan uga biyasa nganggo tembang, dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog (rerasan dewe) utawa dadi narasi. Wondene unining gamelan kanggo ngiringi tembang, adegan, ilustrasi swasana crita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine.


5 Prangkat Pangiring
Kendhang, saron, kethuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biyasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak. Para paraga kethoprak biyasane saliyane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi lan nari. Para wiyaga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggana), ngiringi irama gamelan kethoprak. Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. Bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak-waliking jaman, kethoprak uga nduwe "improvisasi" kanthi wujud dhagelan kethoprak. Upamane awujud Dhagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Crita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dhagelan supaya bisa nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biyasane wis ora nganggo unggah-ungguh basa lan tata krama, sing baku bisa gawe geguyu. Crita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.

6 Uripe Kethoprak
Biyen seni kethoprak dadi hiburan lan gampang ditemoni ing tipi utawa ing pagelaran alam. Nanging sawise orde reformasi, seni kethoprak saya mundur. Malah saiki wis mrihatinake. Yen masyarakat ora preduli karo seni kethoprak, kena dipesthekake seni masyarakat iki bakal ilang. Perlu dadi pangeling-eling prastawa kaya reyog sing dadi salah sawijining seni tradhisional Indonesia kang nate direbut lan didhaku karo negara liya. Iku sebabe masyarakat ora nggatekake seni reyog kang asli saka Ponorogo iku.
Saya suwe, seni kethoprak san saya luntur, barang kang kuna lan kurang gaul, iku anggepane para pemudha ngenani seni kethoprak. Generasi mudha nganggep kethoprak iku tontonan kanggo wong-wong tuwa, yen generasi mudha nonton kethoprak rumangsa yen gengsi. Saka rasa gengsi iki ndadekake kethoprak dipojokake karo generasi mudha. Kamangka yen dieling-eling perjuangan para sesepuh biyen nganti tohpati mbudidaya anggone nguri-nguri murih seni kethoprak bisa diraskake dening generasi penerus.
Saka kalangan agama, nduweni pamanggih liya. Yaiku kesenian mligine seni kethoprak iku dianggep ora cocog karo ajaran agama. Kamangka yen dideleng maneh saka sejarah mlebune Islam ing tlatah Jawa, Sunan Kalijaga lan Sunan Bonang nggunakake kesenian kanggo nyebar agama Islam. Bok menawa para kalangan agama nglalekake perjuangan Islam nalika ing tanah Jawa kabiyantu banget kanthi anane kesenian. Salah sawiji kang paling dikenal ing internasional yaiku seni wayang. Saliyane iku ing seni kethoprak iku ngandhut ajaran kang becik, ajaran unggah-ungguh kang migunani kanggo para pamirsane. Sarta ora lali kanggo generasi mudha, kethoprak bisa digunakake minangka medhia pasinaon kang becik.

PANGREMBAKANE LUDRUG JAWA TIMUR

1 Asal – usul Tembung Ludrug

Ludrug yaiku salah sawijine kesenian asli saka Jawa Timur. Aran ludrug kedaden saka cekakan rong tembung kang luwih dikenal kanthi istilah jarwo dosok, yaiku saka wewujudaning tembung gela-gelo lan gedrag-gedrug. Kang ateges sirah noleh ngiwa banjur nengen, lan sikile gedrag-gedrug ing lemah. Wujud tarian iki lair minangka pawujudane rasa bungah kang banget. Sawijining tarian kang nglambangake kamenangan. Yen ditilik saka busana kang sarwa ireng lan iket sirah kang nglambangake tarian perang, tarian kasebut nglambangake kepahlawanan kang makili sipat sarta karakter masyarakat Jawa Timur ing jaman pra kamardikan.
Minangka teater rakyat, ludrug nggunakake dialek Surabayan, gayane kang ceplas-ceplos ndadekake ludrug nduweni suasana kang gawe guyu lan nengsemake. Wiwitane, iringan mung arupa suling lan kendhang, nanging saiki wus jangkep kanthi iringan gamelan Jawa Timuran. Paraga ing ludrug jaman biyen lanang kabeh, lan yen ana peran wadon, diparagakake dening paraga lanang kang macak wadon. Iku amarga katilik saka kahanan zaman semana kang ora bisa mujudake wong wadon munggah panggung lan melu berjuwang.

2 Wujuding Pagelaran Ludrug

Umume pagelaran ludrug diwiwiti tari remo (ngremo), kang dibacutake bedhayan yaiku nyanyi bebarengan utawa genti-genten (mirip kaya panembrama : salam pambuka ing kesenian Jawa Tengah). Sawise bedhayan rampung banjur dibacutake dhagelan (lawak) kang umume diwiwiti kanthi kidungan lan diiringi gendhing jula-juli kang isine salam lan pasemon uga dhagelan, banjur mlebu ing pokok crita nganti paripurnane pagelaran.

3 Periodhisasi Ludrug
Periodhe ludrug bisa kaperang dadi lima yaiku kaya mangkene:
3.1 Bandan

Miturut crita disebutake yen wujud ludrug kang paling tua yaiku Bandan. Nanging Bandan durung bisa diarani ludrug amarga ing Bandan kahanane isih awujud upacara lan mangsane adoh karo periodhe liyane. Ing kene bandan bisa diarani minangka cikal bakal wewujudaning kesenian ludrug.
Bandan kira-kira tuwuh ing abad ke-13 atau 14, lan bebarengan karo mangsa gumantine zaman Hindu ing Islam. Kang ngripta kesenian bandan nalika iku durung ana kang weruh lan uga panggonan kelairane. Nanging ana sawijining sumber kang nyebutake ing sekitar kerajaan Majapahit, cedhak daerah Jombang.
Bandan bisa ditegesi badan utawa awak amarga ing wiwitane bandan dianakake saben taun kanggo upacara nebus dosa kang awujud adu kasekten jiwa. Sanajan bandan awujud adu kakuatan nanging uga nduweni maksud crita. Nganti saiki durung ana para ahli kang nyebutake naskah apa kang dimainake lan apa judhule, nanging bisa dikira yen critane mesti ana sesambungane karo crita kang asipat kepahlawanan utawa epik. Ing sajrone pagelaran Bandan wus ngenal anane jidhor kang digawe saka kayu lan kulit kewan, kanggone jidhor minangka pangiring tari-tarian lan tembang-tembang kepahlawanan.

3.2 Ludrug Lerok Ngamen
Ludrug wiwit ing Jawa Timur dirintis dening Pak Santik. Dheweke sawijining petani saka desa Ceweng, kecamatan Goda, kabupaten Jombang. Dheweke uga sawijining pawongan kang nduweni watak lucu (humoris). Ing udakara taun 1907 dheweke miwiti pakaryan anyar kanthi ngamen kang diiringi musik lisan. Sawise dheweke kenalan karo Pak Amir saka desa Plandi, kekarone banjur ngamen kanthi musik kendhang. Sabanjure kekarone ngajak Pak Pono minangka anggota kelompok ngamene kanggo narik kawigatene masyarakat. Pak Pono ngamen kanthi nggunakake busanane wanita utawa dadi wedokan.
Mangsa ngamen kang dilakoni dening pak Pono, Pak Santik lan Pak Amir kedaden udakara taun 1907 nganti taun 1915. Banjur periodhe iki sinebut periodhe ngamen. Ing periodhe iki muncul istilah “lerok”. Tembung lerok tuwuh karana para paraga pengamen kang rupane dipacaki kanthi modhel coretan lorek-lorek supaya katon lucu.
3.3 Ludrug Besutan
Ing Ensiklopedi Seni Musik dan Tari Daerah Jawa Timur, ngandharake ana telung jinis istilah ludrug yaiku, ludrug besut, ludrug besutan, lan ludrug besep. Ludrug besut nduweni teges yaiku pagelaran ludrug kanthi tokoh utamane besut. Ludrug besutan maragakake telung paraga panggung, yaiku kakang Besut, paman Jamino (paman Ganda), lan bojone besut sing jenenge Asmunah. Ludrug besutan iki udakara ngrembaka ing taun 1920an.
Ing babagan busana, simbol busana kang digawe dening kakang besut mesti nggunakake werna kang padha karo werna bendera negara Indonesia, yaiku abang lan putih. Saka kopyah nganti sarung kakang besut mesti madhakake karo kahanan perjuangan. Ing sirahe nggawe kopiah utawa kerpus werna abang getih, dhadha kabukak, kanthi sarung kain mori lan diiket lawe putih, nggawa pusaka cilik saka kayu werna putih kang awujud ndhase manuk. Nggawe clana komprang utawa kombor werna ireng, saliyane iku uga nggawe sampur utawa selendhang werna bebas. Kakang besut uga kudu bisa nyanyi utawa ngidung ing tembang-tembang gending, syair, tari-tarian lan baut ing gamelan karawitan.
3.4 Ludrug Berjuang
Ing udakara taun 1931 ana sawijining rombongan ludrug saka dhaerah Jombang kanthi jinis anyar lan nduweni gaya kang mligi ing Surabaya. Rombongan ludrug mau tanpa nggawa jeneng lan nggelar lakon “Siti Muninggar Pendekar Wanita” ing alun-alun Blauran Surabaya.
Gegambaran ngenani ludrug kasebut mesti ana sesambungane karo ludrug besutan sadurunge. Kang cetha yaiku anggone nggelar pagelaran isih nggunakake cara ludrug besutan, nanging ing pagelarane wus luwih maju tinimbang ludrug besutan. Majune katon ing wus anane organisasi, naskah crita, lan panggonan utawa gedhung. Ludrug ing mangsa iki bisa diarani ludrug wiwit ngatonake berjuang, nanging tetep samar-samar. Saka kahanan perjuangan iku ludrug wiwit nemokake jati dhirine. Critane akeh kang anonim krana sengaja supaya ora konangan bangsa walanda. Nanging ing jaman walanda iku crita-crita ludrug wiwit ngrembaka. Kaya tuwuhe lakon crita “Pak Sakerah”, “Hardjo Tani”, ”Maling Caluring”, lan “Sarip Tambak Yoso” kang dadi lakon crita senengane para rakyat.
Perjuangan sandiwara ludrug ora mung mandheg ing mangsa walanda. Nalika jaman Jepang ing tanah jawa sandiwara ludrug muncul minangka pambela rakyat kang katon luwih wani lan nduweni greget. Saengga ora jarang nalika ana pagelaran ludrug dijaga karo tentara-tentara Jepang. .
Ing mangsa iki uga nuwuhake grup ludrug kang arane ludrug Durasim. Diarani Durasim amarga kang dadi pimpinan ludrug iku yaiku Cak Durasim dhewe lan dheweke kang wani nglawan Jepang. Ing periodhe iki ludrug nduweni sesambungan karo kegiyatan politik lan ludrug dadi sejajar karo gerakan massa. Kahanan iki kang banjur nuntun ludrug nganti tumeka ing masa jayane.
Ludrug Durasim ora gelem kompromi karo Jepang, dheweke nyoba nglawan ora mung karo awak nanging uga karo kidungan. Senajan dijaga dening para tentara Jepang, Cak Durasim isih wani nyemoni Jepang ing sawijining pamentasan. Dheweke nyemoni ora saka crita nanging saka kidungan asli arek Surabayakang unine kaya mangkene :
Pagupon omahe dara
Melu nippon tambah sengsara
Kang isine yaiku nalika ana Jepang utawa Nippon, rakyat bakalan saya sangsara. Ing pungkasane Cak Durasim dipateni karo Jepang lan wiwit iku Cak Durasim dadi pahlawan lan semangat kanggo seniman ludrug lan tokoh perjuangan liyane.
3.5 Ludrug Sawise Kamardikan
Daya pangaribawa saka tokoh ludrug Gondo Durasim nggawa ludrug ing perkara politik. Ludrug dadi kesenian kang paling enak ditunggangi kentingan politik. Yen dibandhingake wayang kang sumbere jelas nyritakake Ramayana lan Mahabarata, mula ludrug bebas nggoleki apa wae kang bisa dicritakake. Ing periodhe iki ludrug akeh dimanfaatake dening partai-partai politik kanggo kampanye amarga ludrug kang asipat luwih bisa cedhak karo masyarakat. Kaya nalika PKI brontak, ludrug ditunggangi kpreluwane PKI yaiku kanggo propaganda supaya rakyat melu nyengkuyung anane PKI. Mula saka kuwi ludrug dibubarake nalika PKI kasoran dening pemerintah.
Nanging ing jaman orde baru ludrug bali ngadeg kaya kesenian wiwitane kang dimandhegani karo para tentara Indonesia. Ing kene ludrug nandhang owah-owahan kang ora kaya ing mangsa biyen. Kaya ta lawak kang katon kurang mula saiki lawake dadi kang paling gedhe utawa onja ing pagelaran ludrug. Nanging krana bantere lakune program pembangunan lan teknologi nyebabake kahanane ludrug saya suwe saya kageser lan pungkasane siji mbaka siji wong-wong padha ninggalake ludrug saengga ludrug saiki padha karo kesenian-kesenian tradisional liyane kaya wayang, kethoprak lan kentrung kang kahanane katon dipinggirake.